BASA JAWA MUATAN LOKAL
Posted by HIMACITA pada 4 Mei 2010
Adhedhasar surat keputusan Pemerintah daerah. Ing era kaya jaman saiki tingkataning saben omongan wong beda-beda, ananing ragam tutur kuwi pesti ana sebabe yaiku padha karo owahing kabudayan amarga berkembanging masarakat. Kabeh mau dhitandhani dening lunuring sarta rusaking tata krama para remaja sarta wis ora meneh berlakuning unggah-ungguh ana ing masarakat tuwa karo masarakat enom. Kahanan iku tan saya ngrusak sarta ngubur budaya katimuran bangsa Indonesia.
Kaya jaman saiki basa salah siji cermin saka pagesangan manungsa. Ing Indonesia iki wae ana akeh basa ibu kang manggon ing urutan paling nduwur yaiku basa Jawa kang penuture nganti 75.200.000 penutur. Data iki oleh saka, akehe penutur basa jawa ing Indonesia iki mau tan saya ndadekake basa jawa ing tingkat donya ana ing urutan 11. Mula terus ngrawat lan nglestariake basa jawa nduweni pangarep uga isa terus ndandani moral lan sikap tata karma masarakat Indonesia khususe. Yen didelok saka dasar keputusan pamarentah kang isine berlakune KTSP (Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan) ing jenjang SD dumugi SMA, kang mberlakokake pelajaran basa daerah dadi salah siji pelajaran muatan lokal. Ing Ngayojakarta lan Jawa Tengah khususe mulai diberlakokake muatan lokal basa jawa. Sebenere muatan lokal ing saben daerah utawa propinsi beda, kang kabeh mau tergantung kepriwe kebijakan pamarentah daerah dewe-dewe. Atas dasar mau iku uga bias terus nglestareake basa jawa kang tujuwan utamane uga ndadekake para muda generasi kang isa ngregani kabudayan leluhur. Dasar berlakuning kabijakan pamarentah menika ana lan dijabarake ing Undang-Undang Nomor 22 Taun 1999 kang isine ngengingi Otonomi Daerah kang banjur dijabarake ing peraturan pemerintah nomor 25 taun 2000 kang isine ngrembug babagan pengembangan basa lan budaya daerah kang kalebu ing jeroning system pembelajaran sarta kabudayan saiki dadi wewenanging Pamarentah Propinsi.
Jroning nglestareake lan numbuhake kabudayan temtu kita ora isa ucul saka factor sarta kendala kang ana. Padha karo sing jenenge arep nguri-uri basa jawa ing kalangan mudha jaman saiki. Sajake pancen bener yen akeh factor kang isa dadi pengaruh berlakuning basa jawa dadi salah sijing muatan lokal ing jenjang sekolah dasar nganti jenjang atas utawa (SD- SMA). Faktor-faktore yaiku tenaga pengajar utawa guru kang jelas nduweni peran penting ndhidhik lan menehi tuladha kang becik. Factor liyane yaiku ananeng buku pelajaran penunjang mata pelajaran basa jawa, kang tujuan sarta fungsi buku kuwi jelas dadi cekelan murid lan guru kang isa dadi sumber pembelajaran. Ya ora mung loro factor kuwi ananging isih ana meneh yaiku lingkunga kang kondusif, sing jenenge pembelajaran formal utawa non-formal temtu perlu dukungan lingkungan kang aman, nyaman, ora bising sarta ruang kelas kang sepadhan karo jumlah murid. Uga perlu ananing suasana kang semenarik mungkin supaya pembelajaran basa jawa ora duwe kesan mboseni, saenggo ana komunikasi antaraning guru karo murid.
Meski basa jawa uwis dadi mata pelajaran sakdurungen KTSP nanging iku mau tetep kudu dadi perhatianing pamarentah sarta masarakat. Tekan saikia kang jenenge basa jawa diibaratna kaya basa asing kang angel trep-trepane. Mula pancen cocok yen berlakuning KTSP uga dadi jembatan supaya tingkatan SD nganti SMA/ SMK isa dadi papan pasinaon basa jawa. Kang dadi pangarep-arep berlakuning basa jawa dadi pelajaran muatan lokal yaiku supayane basa kang akeh penuture mau ora ilang kependhem jaman, sarta isa nuwuhake kabecikan sarta isa dadi pelajaran unggah-ungguhing para generasi mudha, nglestareke budaya khususe budaya jawa.

Mengkono babagan sumbangsih sarta dasar basa jawa dadi mata pelajaran muatan lokal ing jenjang SD nganti SMA/ SMK.
SERATAN :Lia Restiawati Hanggara.
Maaf, form komentar ditutup saat ini.